RONG PULUH
Lha ngapa kok rong puluh?
Merga nek selikur kakehan siji.
Lha alesane apa kok rong puluh?
Merga nek sangalas kurang siji.
Ora paham karepmu
Ora papa, wong ora wajib kok
Lha piye le ku ngerteni awakmu?
Ora usah dingerteni. Ngerteni awakmu dhewe wae wis angel…
Angka rongpuluh
Angkane wong mblayang mrona-mrana
Angkane wong sing ora nduwe palungguhan sing tetep
Amerga pancen kudu mlaku sak durunge mandheg.
Rong puluh kuwi apa?
Rong puluh kuwi angka.
Angka mblayang?
Iya, angka sing aku dhewe ora ngerti ning nyanthol ning ati.
Rong puluh…
Sepuluh ping loro
Lima ping papat
Papat ping lima
Loro ping sepuluh
Siji ping rongpuluh
Rong puluh ping siji.
Batu Pahat – 9 Januari 2012 – 10:47 waktu Indonesia Tengah

Bunda, inggih… setengah ping sekawan-dasa nggih kalih-dasa… mumet niki, Bun ha ha ha
LikeLike
wolungpuluh dipara papat… hihihihi
LikeLike